Rabu, 29 Agustus 2012

Slenco

Cak Diqin & Eva

(Eva)
Mas kangmas namine sinten?
(Cak Diqin)
Sakniki dintene Saptu
(Eva)
Mas kangmas kesah teng pundi?
(Cak Diqin)
Sapi kulo pun manak pitu
(Eva)
Duh aduh jenengan pripun?
(Cak Diqin)
Sakniki pun mboten ngalor
(Eva)
Dene menopo kong wangsul ngidul?
(Cak Diqin)
Kulo niki namine sinten

(Eva)
Aduuh.. kok ngjengkelke
Dijak ngendikan kok mrono mrene
Ndadi ora karuan
Estunipun menopo saliwang?

(Cak Diqin)
Kulo mboten udud
Rumiyin kulo teng Suroboyo
Kapan dino jemuah
Kulo mbenjang bade tindak pundi

(Eva)
Ping kuping walah opo jamur
(Cak Diqin)
Ora mungkin mripatku lamur
(Eva)
Penak meneng ora caturan
(Cak Diqin)
Memang aku ganteng tiada tandingan



Tidak ada komentar:

Posting Komentar