Rabu, 29 Agustus 2012

Jenang Gulo

Sunyahni
Cipt : Markasan

Jenang gulo, kowe ojo lali
Marang aku iki to kangmas
Nalikane nandang susah
Sopo sing ngancani

Biyen mulo, aku tetep tresno
Sarto tetep setyo to kangmas
Dereng nate gawe gelo
Lan gawe kuciwo


Ning saiki, bareng mukti
Kowe kok njur lali marang aku
Sitik sitik mesti nesu
Terus ngajak padu,jo ngono ojo ngono

Opo kowe pancen ra kelingan
Jamane gek biyen to kangmas
Kowe janji bungah susah
Podo dilakoni


Tidak ada komentar:

Posting Komentar