Senin, 27 Agustus 2012

Rondo Kempling

Manthous & Sunyahni

(Manthous)
Ndak pundi mbak ayu
bade tindak pundi?
Kadingaren tindak wae
ora numpak taksi
Dewean opo ora wedi?
timbang nganggur
kulo gelem ngancani

(Sunyahni)
Kleresan mas alias kebetulan
blanjane kathah rada kabotan
Ha yen purun enggal-enggal ngrencangi
tekan omah mangke kulo opahi

(Manthous)
Ee… tobil wong legan golek momongan
Niki blonjo nopo mbakyu bade pindahan?

(Sunyahni)
Ampun gelo mas
sampean ampun kuciwo
kulo rondo anyaran ditinggal lungo

(Manthous)
Awan-awan lungo blonjo
ning pasar pahing wing-wing…
Prawan rondo kanggoku ora patek penting

(Sunyahni) 
Ning Semarang mas..
Tuku gelang opo anting-anting
Jo sumelang yo ben rondo
dijamin kempling..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar