Selasa, 04 September 2012

Kangen

 Sunyahni

Pitung sasi lawase nggonku ngenteni
Mung sliramu wong bagus kang dadi ati
Rino wengi mung tansah tak impi-impi
Jroning ati kangenku setengah mati

Jenang gulo, yo mas yo, mbok ojo lali
Ngelingono rikolo jaman semono
Sliramu janji aku setio ngenteni
Lahir batin tersnaku terusing ati

Kangen!… wong kangen ngene ngene rasane
Rindu-rindu wong bagus kowe tak tunggu

Kangen!… wong kangen opo opo tambane
Rindu-rindu tambane kudu ketemu

Klopo mudo enake kanggo rujakan
Leganono aku kang nandang kasmaran
Mbalung janur wong bagus tak anti-anti
Mosa janji wong kangen ndang entuk jampi


Senin, 03 September 2012

Konco Tani

Nurhana

Ee… Ibo senenge
Konco tani yen nyawang tandurane
nyambut gawe
awak sayah seneng atine

Reff:
Parine lemu-lemu
polowijo lan uga sak wernane
katon subur, kabeh tuwuh
kang sarwo kinandur

Panyuwunku tinebehno saking sambikolo
sih ing gusti mugi-mugi lestari widodo

sayuk rukun rame-rame
gotong-royong kang dadi semboyane
konco tani saka guru tumerap negarane


Minggu, 02 September 2012

Bojo Loro

Cici Sahita
Cipt : Haris

Abang biru lampune disko
Awak kuru mas, mikir bojo loro
Bojo sing enom njaluk disayang
Sing tuwo ‘njur wegah ditinggal

Sirah mumet ora bisa turu
Andum tresno mas, ugo andum wektu
Mikir butuhe, mikir blanjane
Njur saiki bingung atine

Telung dino mulih rono
Telung dino bali neng kene
Sing sedino kanggo sopo
Sing sedino kanggo wong liyo


Sabtu, 01 September 2012

Nginang Karo Ngilo

 Cipt : Manthous

Eh eh eh.. nginang karo ngilo
Kothak cilik mas nggo wadah mbako
Aku Emoh-aku emoh yen kowe ngono
Plonga-plongo anggepmu koyo wong bodo


Dituthuk nganggo pipo ledeng
Isi kapuk mas jenenge klentheng
Tiwas methuk- tiwas methuk sikile kemeng
Bareng pethuk jebule malah mentheleng

Eman eman di-eman-eman
Wong dolanan malah dadi tenanan
Eman-eman di-eman-eman
Eman-eman jebule ora keduman

Pilih gethuk opo pilih tape
Podo-podo mas.. soko telane
Mbiyen piye saiki katone piye
Yen ra mathuk mumpung podo butuhe

Eh eh eh.. nginang karo ngilo
Numpak jaran mas.. jarane belo
Mbiyen kae-mbiyen kae janji ra ngono
Bungah susah jare dinggo wong loro

E… nginang karo ngilo


Kuncung

Didi Kempot

Cilikanku rambutku, dicukur kuncung
Katokku soko karung gandum
Klambiku warisane mbah kakung
Sarapanku sambel korek sego jagung

Kosokan watu ning kali, nyemplung ning kedhung, (byur)
Jaman ndisik durung usum sabun (pabrik'e rung di bangun)
Andukku mung cukup, anduk sarung
Dolananku montor cilik soko lempung

(Bis holobis kuntul baris)
Rekasane saiki wis
(Bis holobis kuntul baris)
Gegere gek mbok ndang uwis

reff :
Tanggal limolas padhang njingglang, mbulane bunder (serrr)
Aku dikudang sok yen gedhe dadi dokter, (sing ngudang mbok'e)
Tanggal limolas padhang njingglang, mbulane bunder (ser,ser)
Bareng wis gedhe aku disuntik bu dokter

(Ho no co ro ko, do to so wo lo)
(Iki cerito, jaman semono)
(Po do jo yo nyo, monggo bo to ngo)
(Iki cerito, soko wong tuwo)







Sri Minggat

 Sonny Josz

Sri, kapan kowe bali
Kowe lungo ora pamit aku
Jarene neng pasar, pamit tuku trasi
Nganti saiki kowe durung bali

Sri, opo kowe lali
Janjine sehidup semati
Aku ora nyono kowe arep lungo
Loro atiku, atiku loro

Ndang balio.. Sri
Ndang balio…o
Aku loro mikir kowe
ono ning endi

Ndang balio.. Sri
Ndang balio.. o
Tego temen kowe minggat
ninggal aku

Yen pancene Sri
kowe eling aku
Ndang balio
Aku kangen setengah mati

(Sri kowe ning endi to Sri?
ndang balio to Sri
aku kangenn…. banget)




Kamis, 30 Agustus 2012

Sengit

Manthous & Nurhana

(Nurhana)
Bola-bali tak kandani yo mas yo
Bola-bali tak aturi yo mas yo
Kowe lungo awan bengi lali anak lali bojo
nuruti karepe ati

(Manthous)
Tak kandani wanti-wanti yo dik yo
Lungaku golek rejeki yo dik yo
Aku mulih duwite mesti
njaluk opo tak turuti, kebutuhan tercukupi
(ngono yo jik kurang)

Reff :
(Nurhana)
Sengit aku, sengit aku ala sengit aku
Kepingin marah padamu
Nanging kowe malah nesu
Sing nesu kudune aku,lha kok ra rumongso kleru

(Manthous)
Nganggo kathok beneke dedel yo dik yo
Wong wedok kakean rewel, kok mesti bawel

(Nurhana)
Aku gemang mas,
Wong lanang mbok ojo seneng ngumbar wirang

(Manthous)
Jaran kepang ala jaran kore yo dik yo
Wong lanang menangan dewe, iki jamane

(Nurhana)
Ela elo mas,
Jo ngono, jo ngono yen tak tinggal cotho

(Manthous)

(ha nggolek meneh)

Reff :
Kembali ke atas