Selasa, 04 September 2012

Kangen

 Sunyahni

Pitung sasi lawase nggonku ngenteni
Mung sliramu wong bagus kang dadi ati
Rino wengi mung tansah tak impi-impi
Jroning ati kangenku setengah mati

Jenang gulo, yo mas yo, mbok ojo lali
Ngelingono rikolo jaman semono
Sliramu janji aku setio ngenteni
Lahir batin tersnaku terusing ati

Kangen!… wong kangen ngene ngene rasane
Rindu-rindu wong bagus kowe tak tunggu

Kangen!… wong kangen opo opo tambane
Rindu-rindu tambane kudu ketemu

Klopo mudo enake kanggo rujakan
Leganono aku kang nandang kasmaran
Mbalung janur wong bagus tak anti-anti
Mosa janji wong kangen ndang entuk jampi


Senin, 03 September 2012

Konco Tani

Nurhana

Ee… Ibo senenge
Konco tani yen nyawang tandurane
nyambut gawe
awak sayah seneng atine

Reff:
Parine lemu-lemu
polowijo lan uga sak wernane
katon subur, kabeh tuwuh
kang sarwo kinandur

Panyuwunku tinebehno saking sambikolo
sih ing gusti mugi-mugi lestari widodo

sayuk rukun rame-rame
gotong-royong kang dadi semboyane
konco tani saka guru tumerap negarane


Minggu, 02 September 2012

Bojo Loro

Cici Sahita
Cipt : Haris

Abang biru lampune disko
Awak kuru mas, mikir bojo loro
Bojo sing enom njaluk disayang
Sing tuwo ‘njur wegah ditinggal

Sirah mumet ora bisa turu
Andum tresno mas, ugo andum wektu
Mikir butuhe, mikir blanjane
Njur saiki bingung atine

Telung dino mulih rono
Telung dino bali neng kene
Sing sedino kanggo sopo
Sing sedino kanggo wong liyo


Sabtu, 01 September 2012

Nginang Karo Ngilo

 Cipt : Manthous

Eh eh eh.. nginang karo ngilo
Kothak cilik mas nggo wadah mbako
Aku Emoh-aku emoh yen kowe ngono
Plonga-plongo anggepmu koyo wong bodo


Dituthuk nganggo pipo ledeng
Isi kapuk mas jenenge klentheng
Tiwas methuk- tiwas methuk sikile kemeng
Bareng pethuk jebule malah mentheleng

Eman eman di-eman-eman
Wong dolanan malah dadi tenanan
Eman-eman di-eman-eman
Eman-eman jebule ora keduman

Pilih gethuk opo pilih tape
Podo-podo mas.. soko telane
Mbiyen piye saiki katone piye
Yen ra mathuk mumpung podo butuhe

Eh eh eh.. nginang karo ngilo
Numpak jaran mas.. jarane belo
Mbiyen kae-mbiyen kae janji ra ngono
Bungah susah jare dinggo wong loro

E… nginang karo ngilo


Kuncung

Didi Kempot

Cilikanku rambutku, dicukur kuncung
Katokku soko karung gandum
Klambiku warisane mbah kakung
Sarapanku sambel korek sego jagung

Kosokan watu ning kali, nyemplung ning kedhung, (byur)
Jaman ndisik durung usum sabun (pabrik'e rung di bangun)
Andukku mung cukup, anduk sarung
Dolananku montor cilik soko lempung

(Bis holobis kuntul baris)
Rekasane saiki wis
(Bis holobis kuntul baris)
Gegere gek mbok ndang uwis

reff :
Tanggal limolas padhang njingglang, mbulane bunder (serrr)
Aku dikudang sok yen gedhe dadi dokter, (sing ngudang mbok'e)
Tanggal limolas padhang njingglang, mbulane bunder (ser,ser)
Bareng wis gedhe aku disuntik bu dokter

(Ho no co ro ko, do to so wo lo)
(Iki cerito, jaman semono)
(Po do jo yo nyo, monggo bo to ngo)
(Iki cerito, soko wong tuwo)







Sri Minggat

 Sonny Josz

Sri, kapan kowe bali
Kowe lungo ora pamit aku
Jarene neng pasar, pamit tuku trasi
Nganti saiki kowe durung bali

Sri, opo kowe lali
Janjine sehidup semati
Aku ora nyono kowe arep lungo
Loro atiku, atiku loro

Ndang balio.. Sri
Ndang balio…o
Aku loro mikir kowe
ono ning endi

Ndang balio.. Sri
Ndang balio.. o
Tego temen kowe minggat
ninggal aku

Yen pancene Sri
kowe eling aku
Ndang balio
Aku kangen setengah mati

(Sri kowe ning endi to Sri?
ndang balio to Sri
aku kangenn…. banget)




Kamis, 30 Agustus 2012

Sengit

Manthous & Nurhana

(Nurhana)
Bola-bali tak kandani yo mas yo
Bola-bali tak aturi yo mas yo
Kowe lungo awan bengi lali anak lali bojo
nuruti karepe ati

(Manthous)
Tak kandani wanti-wanti yo dik yo
Lungaku golek rejeki yo dik yo
Aku mulih duwite mesti
njaluk opo tak turuti, kebutuhan tercukupi
(ngono yo jik kurang)

Reff :
(Nurhana)
Sengit aku, sengit aku ala sengit aku
Kepingin marah padamu
Nanging kowe malah nesu
Sing nesu kudune aku,lha kok ra rumongso kleru

(Manthous)
Nganggo kathok beneke dedel yo dik yo
Wong wedok kakean rewel, kok mesti bawel

(Nurhana)
Aku gemang mas,
Wong lanang mbok ojo seneng ngumbar wirang

(Manthous)
Jaran kepang ala jaran kore yo dik yo
Wong lanang menangan dewe, iki jamane

(Nurhana)
Ela elo mas,
Jo ngono, jo ngono yen tak tinggal cotho

(Manthous)

(ha nggolek meneh)

Reff :
Kembali ke atas


Rabu, 29 Agustus 2012

Cinta Tak Terpisahkan

Cak Diqin & Safitri

(Cak Diqin)
Duh Denok gandulani ati
tegane nyulayani
Janjimu sehidup semati
amung ono ing lati

Rasa sayangmu sudah pergi
tak mengihiraukan aku lagi
Duh Denok gandulani ati
tegane nyulayani

(Safitri)
Duh kangmas jane aku tresno
lilakno aku lungo
Ati ra kuat nandang roso
roso keronto-ronto

Cintamu sudah nggak beneran
Aku Cuma buat mainan
Duh kangmas jane Aku tresno
Lilakno aku lungo

(Cak Diqin) 
Tresno iki dudu mung dolanan
kabeh mau amergo kahanan
Seng tak jaluk among kesabaran
mugi Allah paring kasembadan

(Safitri)
Mung ngedem atiku
ben aku ra mlayu
dan tanggung jawabmu
iku palsu

(Cak Diqin) 
Denok aku cinta beneran
pastikan ku buktikan
Bapak ibuku akan datang
melamar dikau sayang

(Safitri)
Hatiku selalu mendoakan
semoga Tuhan mengabulkan

(Cak Diqin & Safitri)
Cinta kita tak terpisahkan
walau di akhir jaman


Jenang Gulo

Sunyahni
Cipt : Markasan

Jenang gulo, kowe ojo lali
Marang aku iki to kangmas
Nalikane nandang susah
Sopo sing ngancani

Biyen mulo, aku tetep tresno
Sarto tetep setyo to kangmas
Dereng nate gawe gelo
Lan gawe kuciwo


Ning saiki, bareng mukti
Kowe kok njur lali marang aku
Sitik sitik mesti nesu
Terus ngajak padu,jo ngono ojo ngono

Opo kowe pancen ra kelingan
Jamane gek biyen to kangmas
Kowe janji bungah susah
Podo dilakoni


Slenco

Cak Diqin & Eva

(Eva)
Mas kangmas namine sinten?
(Cak Diqin)
Sakniki dintene Saptu
(Eva)
Mas kangmas kesah teng pundi?
(Cak Diqin)
Sapi kulo pun manak pitu
(Eva)
Duh aduh jenengan pripun?
(Cak Diqin)
Sakniki pun mboten ngalor
(Eva)
Dene menopo kong wangsul ngidul?
(Cak Diqin)
Kulo niki namine sinten

(Eva)
Aduuh.. kok ngjengkelke
Dijak ngendikan kok mrono mrene
Ndadi ora karuan
Estunipun menopo saliwang?

(Cak Diqin)
Kulo mboten udud
Rumiyin kulo teng Suroboyo
Kapan dino jemuah
Kulo mbenjang bade tindak pundi

(Eva)
Ping kuping walah opo jamur
(Cak Diqin)
Ora mungkin mripatku lamur
(Eva)
Penak meneng ora caturan
(Cak Diqin)
Memang aku ganteng tiada tandingan



Mister Mendem

Cak Diqin & Dini Aditama

(Dini Aditama)
aku wes kondo ciu marakke ciloko
aku wes matur mensen ning omongan nglantur
wes tak aturi yen vodka marakke lali
banjur ngunjuk bir sampeyan dadine kenthir

(Cak Diqin)
ora tak gagas penting seh iso tuku beras
ora tak anggep penting anak bojo wareg
ojo muna muni nuturi koyo kyai
ditokke wae yen klenger wes ndlosor dewe

(Dini Aditama)
ra keno tak kandani
yen ngono aku ra sudi
lilakno aku bali
wong tuwaku kuat ngingoni

(Cak Diqin)
ojo cekak atimu
wes tak cukupke lelakonku
pancene bener kandamu
mergo mendem ngrusak awakku

(Dini Aditama)
yen wes mari
konco-koco dipamiti
sokor gage mendem do ditinggalake

(Cak Diqin)
selamat tinggal kancaku lereno ndugal
dongakno kuat mendemku wes ora kumat


Kusumaning Ati

 Nurhana
Cipt : Jujuk Eksa

Kusumaning ati
Duh wong bagus kang tak anti anti
Mung tekamu biso gawe
Tentrem ning atiku

Biyen nate janji
Tak ugemi ora bakal lali
Tur kelingan jroning ati
Sak bedahe ing bumi

Kadung koyo ngene
Sak iki piye karepe
Malah mirangake

Manis pambukane
Kok pahit tibo mburine
Pancen mangkelake

Amung pamujiku
Mugo-mugo rak ono ru bedho
Sak pungkure
Nggonmu lungo ora kondo-kondo





Kutut Manggung

Wahyuni

“Wayahe wus…lingsir…wengi…i…i…i…
Perku…tute…e…e…, roso…o…o…o…
MUni…i…i…i…, ning plang…a…a…a…
Kringa…a…a…an…,
anggung nyo ma…a…a…a..na..a..as…A…a…ti…
Hur ketekung…ku..ng…ku…ng….
Hur ketekung…ku..ng…ku..u.u…ng….
Monggo monggo monggo…,monggo monggo…
Monggo, monggo alah monggo monggo
Nggo monggo monggo, monggo..o…
Midanget eng…kang…saa.a.a.ke..e…co…
Pramito…kang mi…i…nulyo…o…o…
Sugeng rawuhipun…,”

Sore-sore…, yo lah bapak
Perkutute njaluk ngombe…
Yo bapak, bapakku de..we…

Ombe..en mben omben, omben omben omben…
Mben omben, mben omben omben omben…
Ombenono e…manuke kutut…
Atak omben, omben omben ombenono..

Satitik banyune.. to…wo…
Gones luwes sak sola…he…
Paka…a…an….no…no…
Tak pakan tak pakan pakan paka..an
Atak pakan pakan pakan, pakan pakano..no…
E..manuke kutut, atak pakan pakan pakan pakanono

Setitik berase…ce…mpo…,gones gones wicarane..
Trahing noto…, trahi..ng…no…to…
Yo bapak, bapakku de…we…
Trahing noto…risang…danang joyo
Mulo pancen kewek-kewek dewe
Mulo pancen kewek-kewek dewe
Den prayitno sabarang hayuo se…mbrono…

Aduh..to lae wo..ng bagu…s,
Yen tan weruh…
Yo lah bapak, perkutute manas manas a…a…ti…
Sumedhot rasaning ati

Ojo Dipleroki

Nurhana
Cipt : Ki Narto Sabdo
(pr)
Mas mas mas ojo dipleroki
Mas mas mas ojo dipoyoki
Karepku njaluk di esemi

(lk)
Tingkah lakumu kudu ngerti coro
Ojo ditinggal kapribaden ketimuran

(pr)

Mengko gek keri ing jaman
(lk)
Mbokyo sing eling
(pr)

Eling bab opo
(lk)
Iku budoyo
(pr)
Pancene bener kandamu




Caping Gunung

Nurhana
Cipt : Gesang

Dhek jaman berjuang
Njur kelingan anak lanang
Mbiyen tak openi
Ning saiki ono ngendi

Jarene wis menang
Keturutan sing digadhang
Mbiyen ninggal janji
Ning saiki opo lali

Neng nggunung
Tak cadhongi sego jagung
Yen mendhung
Tak silihi caping nggunung

Sukur biso nyawang
Nggunung deso dadi rejo
Bene ora ilang
Nggone podho loro lopo

reff

kembali ke atas


Lingsir Wengi

Nurhana
Cipt : Sukap Jiman

Lingsir wengi, sepi durung biso nendro
Kagodha mring wewayah, kang ngreridhu ati

Kawitane mung sembrono, njur kulino
Ra ngiro, yen bakal nuwuhke tresno

Nanging duh tibane, aku dewe kang nemahi
Nandang bronto, kadhung loro, sambat-sambat sopo

Rino wengi, sing tak puji, ojo lali
Janjine, mugo biso tak ugemi


Loro Bronto

 Sunyahni
Cipt : S Dharmanto

Yen Kelingan mring sliramu
Aduh kodyo rinujid atiku
Yen siang tansah katon ngalelo
Dalu datan biso nendro

Opo sliramu wis lali tenan
Dek semono nate janji
Nedyo arep urip bebarengan
Bungah susah dilakoni

*)
Nanging aku ora ngiro
Yen sliramu bakal cidro
Bareng saiki wis mulyo banjur kromo
Ora nganggo ora nganggo kondo kondo

Wis pestine lelakonku aduh
Aku mung kudu narimo
Sopo kang biso paring usodo
Nggonku nandang lorobronto

reff :
kembali ke *)


Selasa, 28 Agustus 2012

Layang Kangen

Didi Kempot

Layangmu tak tompo wingi kuwi
Wis tak woco opo karepe atimu
Trenyuh ati iki moco tulisanmu
Ra kroso netes eluh neng pipiku

Umpomo tanganku dadi suwiwi
Iku ugo aku mesthi enggal bali
Ning kepiye maneh margo kahananku
Cah ayu entenono tekaku

reff ;
Ra maido sopo wong sing ora kangen
Adoh bojo pengen turu angel merem

Ra maido sopo wong sing ora trenyuh
Ra kepethuk sawetoro pengin weruh

Percoyo aku kuatno atimu
Cah ayu entenono tekaku

Umpomo tanganku dadi suwiwi
Iku ugo aku mesthi enggal bali
Ning kepiye maneh margo kahananku
Cah ayu entenono tekaku

reff :
Ra maido sopo wong sing ora kangen
Adoh bojo pengen turu angel merem

Ra maido sopo wong sing ora trenyuh
Ra kepethuk sawetoro pengin weruh

Percoyo aku kuatno atimu
Cah ayu entenono tekaku

Tanjung Mas Ninggal Janji

Didi Kempot
Cipt : L Maryanto
Bebasan koyo, ngenteni…,
Udaning mongso ketigo
Senajan mung sedelo, ora dadi ngopo
Penting biso ngademke ati.., ouow wo

Semono ugo rasane atiku..,
Mung tansah nunggu tekamu..
Ra kroso setaun, kowe ninggal aku..
Kangen.. kangene atiku..

reff :
Aku sih kelingan, naliko ing.. pelabuhan
Kowe janji lungo ra ono sewulan..
Nanging saiki wis luwih ing janji
Nyatane kowe ora bali-bali

Neng pelabuhan Tanjung Mas kene..
Biyen aku ngeterke kowe..
Neng pelabuhan semarang kene..
Aku tansah ngenteni kowe…

reff :
Semono ugo rasane atiku..,
Mung tansah nunggu tekamu..
Ra kroso setaun, kowe ninggal aku..
Kangen.. kangene atiku..

reff :
Aku sih kelingan, naliko ing.. pelabuhan
Kowe janji lungo ra ono sewulan..
Nanging saiki wis luwih ing janji
Nyatane kowe ora bali-bali

Neng pelabuhan Tanjung Mas kene..
Biyen aku ngeterke kowe..
Neng pelabuhan semarang kene..
Aku tansah ngenteni kowe…

Nunut Ngiyup

Didi Kempot

Nunut ngiyup, kulo nunut ngiyup
Udan lali ra nggowo payung
Teng tritis kulo nggih purun
Teng emper kulo nggih purun
Sak derenge matur nuwun

Nunut leren, kulo nunut leren
Ajeng mantuk sampun kewengen
Udane ra leren leren
Banyune netes ning genteng
Leren kulo nunut leren

Langite peteng ndedet
Howone adem banget
Mbok kulo dijak mlebet
Kersane tambah anget

reff :

Semarang kaline banjir
Arep nyabrang wedi kintir
Nopo kulo angsal mampir
Kentongan ampun dititir

Kali cilik niku kalen
Jaman cilik konco langen
Nopo sampean kesupen
Kulo badhe nderek leren

Nunut leren, kulo nunut leren
Ajeng mantuk sampun kewengen
Udane ra leren leren
Banyune netes ning genteng
Leren kulo nunut leren

reff :

…nunut ngiyup…


Terminal Tirtonadi

Didi Kempot

Nalikane ing tirtonadi, ngenteni tekane bis wayah wengi
Tanganmu tak kanthi, kowe ngucap janji, lungo mesti bali

Rasane ngetung nganti lali,wis pirang taun anggonku ngenteni
Ngenteni sliramu, ning kene tak tunggu, nganti sak elingmu

Mongso rendheng wis ganti ketigo, opo kowe ra kroso
Yen kowe isih seneng lan tresno, kudune kowe kroso

Nalikane ing tirtonadi, ngenteni tekane bis wayah wengi
Tanganmu tak kanthi, kowe ngucap janji, lungo mesti bali

reff :
Wis suwe, wis suwe, wis suwe, kangen sing tak rasakke
Rasane, rasane, rasane, rasane koyo ngene

Ning kene, ning kene, ning kene aku ngenteni kowe
Aku kangen, kangenku mung kanggo kowe

Rasane ngetung nganti lali, wis pirang taun anggonku ngenteni
Ngenteni sliramu, ning kene tak tunggu, nganti sak elingmu

reff :
Wis suwe, wis suwe, wis suwe, kangen sing tak rasakke
Rasane, rasane, rasane, rasane koyo ngene

Ning kene, ning kene, ning kene aku ngenteni kowe
Aku kangen, kangenku mung kanggo kowe

Nalikane ing tirtonadi, ngenteni tekane bis wayah wengi
Tanganmu tak kanthi, kowe ngucap janji, lungo mesti bali

Rasane ngetung nganti lali,wis pirang taun anggonku ngenteni
Ngenteni sliramu, ning kene tak tunggu, nganti sak elingmu

Mongso rendheng wis ganti ketigo, opo kowe ra kroso
Yen kowe isih seneng lan tresno, kudune kowe kroso
Nalikane ing tirtonadi

Sewu Kuto

Didi Kempot
Cipt : Arie Wibowo & Didi Kempot

Sewo kuto uwis tak liwati
Sewu ati tak takoni
Nanging kabeh podo rangerteni
Lungamu neng endi
Pirang tahun aku nggoleki
Seprene durung biso nemoni

Wis tak coba nglaliake
Jenengmu soko atiku
Sak tenane aku ora ngapusi
Isih tresno sliramu

Umpamane kowe uwis mulyo
Lilo aku lilo
Yo mung siji dadi panyuwunku
Aku pengen ketemu
Senajan sak kedeping moto
Kanggo tombo kangen jroning dodo

Wis tak coba nglaliake
jenengmu soko atiku
Sak tenane aku ora ngapusi
Isih tresno sliramu

Umpamane kowe uwis mulyo
Lilo aku lilo
Yo mung siji dadi panyuwunku
Aku pengen ketemu
Senajan wektumu mung sedhela
Tak nggo tombo kangen jroning dodo
Senajan sak kedeping moto
Tak nggo tombo kangen jroning dodo

Nanggap Campursari

Didi Kempot

Sasi ngarep ayo rabi yo dik yo
Konco konco diulemi
Nanggap orkes campursari
Sedino punjul sewengi
Tamune ben seneng ati

Mengko yen listrike mati yo dik yo
Nyewo disel opo aki
Joget terus sampe pagi
Jogetan karo penyanyi
Yen wis rampung disangoni

Sing nyanyi ayu-ayu
Yen aku mlirik kowe ojo cemburu
Sing mlirik mung mripatku
Ning atiku mung kanggo sliramu

Tresno ditambah tresno
Candakane mestine kuwi roso
Roso ditambah roso
Candakane mestine kuwi kerso
Kerso ditambah kerso
Candakane mestine kuwi nyoto
Nyoto ditambah nyoto
Nyoto-nyoto wong loro pancen tresno

Nyidam Sari

Manthous
Cipt : Anjar Any

Upomo sliramu sekar melati
Aku kumbang nyidam sari
Upomo sliramu margi wong manis,
Aku kang bakal nglewati

Sineksen lintange luku semono
Janji prasetia ning ati
Tansah kumantil ning netro rinoso
keroso rasaning ndriyo

Midero sak jagad royo
Kalingono wukir lan samudro
Nora ilang memanise aduh
Dadi ati selawase

Naliko niro ing ndalu atiku
Lamlamen siro wong ayu
Nganti mati ora bakal lali
Lha kae lintange mlaku




Balen

Manthous & Nurhana

(Manthous) :
Jan jane dik aku wis rindu
Wis rong taun lawase ora ketemu
Eling-eling dik jamane semono
Runtang runtung arane ra ono liyo

(Nurhana) :
Jan jane Mas aku wis lali
Gelang alit bebasan kang mungguhing driji
Ora gampang nambani jeroning ati
Ra semoyo mas, aku ra janji

(Manthous) :
Horotoyoh…
Nganggo theklek kecemplung kalen
Timbang golek dik
Sing apik luwung balen

(Nurhana) :
Sabar Mas, mbok sabar ora kesusu
Yen kesusu, tondone wis mesti kleru

(Manthous) :
Estu Dik… wis dadi antebing kalbu
Tak belani jiwo rogo tulusing ati

(Nurhana) :
Sabar… Bola-bali wis tak aturi
Yen kuciwo njur getun tibane mburi

Senin, 27 Agustus 2012

Rondo Kempling

Manthous & Sunyahni

(Manthous)
Ndak pundi mbak ayu
bade tindak pundi?
Kadingaren tindak wae
ora numpak taksi
Dewean opo ora wedi?
timbang nganggur
kulo gelem ngancani

(Sunyahni)
Kleresan mas alias kebetulan
blanjane kathah rada kabotan
Ha yen purun enggal-enggal ngrencangi
tekan omah mangke kulo opahi

(Manthous)
Ee… tobil wong legan golek momongan
Niki blonjo nopo mbakyu bade pindahan?

(Sunyahni)
Ampun gelo mas
sampean ampun kuciwo
kulo rondo anyaran ditinggal lungo

(Manthous)
Awan-awan lungo blonjo
ning pasar pahing wing-wing…
Prawan rondo kanggoku ora patek penting

(Sunyahni) 
Ning Semarang mas..
Tuku gelang opo anting-anting
Jo sumelang yo ben rondo
dijamin kempling..


Esemu

Manthous

Suwe ora ketemu, cah ayu
Gawe kangening atiku
Taksuwun rinten lan dalu
Pamujiku manggiha rahayu

Lha piye genah-genahe, yo kene
Takanti-anti kabare
Ora esuk ora sore
Mung kelingan sak solah bawane

Reff:
Nadyan mung krungu swarane
Apa maneh yen nyawang eseme
Bebasan segara madu
Kalah manis..sing manis pancen esemmu

Iba bungahing ati, cah manis
Antuk nugrahaning Gusti
Ora mung jroning impenku
Bisa nyanding sliramu, cah ayu

Kangen

 Sunyahni
Cipt : Manthous

Pitung sasi lawase nggonku ngenteni
Mung sliramu wong bagus kang dadi ati
Rino wengi mung tansah tak impi-impi
Jroning ati kangenku setengah mati

Jenang gulo, yo mas yo, mbok ojo lali
Ngelingono rikolo jaman semono
Sliramu janji aku setio ngenteni
Lahir batin tersnaku terusing ati

Kangen!… wong kangen ngene ngene rasane
Rindu-rindu wong bagus kowe tak tunggu

Kangen!… wong kangen opo opo tambane
Rindu-rindu tambane kudu ketemu

Klopo mudo enake kanggo rujakan
Leganono aku kang nandang kasmaran
Mbalung janur wong bagus tak anti-anti
Mosa janji wong kangen ndang entuk jampi

Anting Anting

 Manthous & Minul

Ting anting ‘mbang cempoko
tondo moto soko seliramu
Ting anting tondo tresno
lahir bathin sineksih lintange wluku

Ling eling dek semono
rembulane ketutupan mego
gawe kekesing ati
nganti anti tekane radyan permadi (si jantung hati)

Reff :
Anting-anting dhek kembang cempoko
woheing aren mbokyo eling dhok semono
Emprit gantil menclok ning witing pari
tansih gumantil ono njero ning ati

Ting anting ‘mbang cempoko
tondo moto ugo tanda tresno
Ling eling dek semono
yen ra nyandhing rasane ning ati gelo

Ojo Lamis

Manthous
Cipt : Ki Narto Sabdo

Ojo sok gampang
janji wong manis
yen to amung lamis
Becik aluwung prasojo nimas
ora agawe cuwo

Tansah ngugemi
tresnamu wingi
jebul amung lamis
koyo ngenteni thukuling jamur
ing mongso ketigo

Aku iki prasasat
loro tan antuk jampi
mbok ojo amung lamis
kang uwis dadine banjur didis

Akeh tulodo kang demen cidro
Uripe rekoso
milih sawiji ngendi kang suci
tanggung biso mukti


Mbah Dukun

Manthous

Permisi mbah, kulonuwun
nopo ngriki daleme mbah Mangun?
Sing kondhang dadhos dukun
tetombo mesthi mantun
gadah putri namine Atun

Kulo mriki mbah,
estu bade pados jampi
jampi wuyung
sanes jampi wudhun

Pripun mbah?
Pripun mbah dukun?
Ampun terus ngalamun
Keng putra Atun, mbah,
kadhos kulo nggih purun
mesthi enggal mantun

Permisi mbah, si mbah dukun
Terimakasih alias maturnuwun
Sakit kulo pun mantun
diparingi Atun
Sak niki kersani kepripun

Kulo niki mbah
anake wong tani yutun
sugih beras, sugih pantun

Pripun mbah?
mbah dukun ampun terus ngalamun
Duh aduh aduh, ampun mbah
Keng putra Atun, mbah,
niki tumbasanipun:
anduk kalih sabun



Gethuk

Nurafni Octavia
Cipt : Manthous

Sore-sore padang bulan
Ayo konco podo dolanan
Rene-rene bebarengan
Rame-rame e..do gegojegan

Kae-kae rembulane
Yen disawang kok ngawe-awe
Koyo-koyo ngelingake
Konco kabeh ojo turu sore-sore

Gethuk, asale soko telo
Moto ngantuk, iku tambane opo?
Ach ach.. halah getuk asale soko telo
Yen ra petuk atine rodo gelo

Jo ngono mas
ojo-ojo ngono
kadung janji mas
aku mengko gelo