Sabtu, 01 September 2012

Kuncung

Didi Kempot

Cilikanku rambutku, dicukur kuncung
Katokku soko karung gandum
Klambiku warisane mbah kakung
Sarapanku sambel korek sego jagung

Kosokan watu ning kali, nyemplung ning kedhung, (byur)
Jaman ndisik durung usum sabun (pabrik'e rung di bangun)
Andukku mung cukup, anduk sarung
Dolananku montor cilik soko lempung

(Bis holobis kuntul baris)
Rekasane saiki wis
(Bis holobis kuntul baris)
Gegere gek mbok ndang uwis

reff :
Tanggal limolas padhang njingglang, mbulane bunder (serrr)
Aku dikudang sok yen gedhe dadi dokter, (sing ngudang mbok'e)
Tanggal limolas padhang njingglang, mbulane bunder (ser,ser)
Bareng wis gedhe aku disuntik bu dokter

(Ho no co ro ko, do to so wo lo)
(Iki cerito, jaman semono)
(Po do jo yo nyo, monggo bo to ngo)
(Iki cerito, soko wong tuwo)







Tidak ada komentar:

Posting Komentar