Selasa, 28 Agustus 2012

Balen

Manthous & Nurhana

(Manthous) :
Jan jane dik aku wis rindu
Wis rong taun lawase ora ketemu
Eling-eling dik jamane semono
Runtang runtung arane ra ono liyo

(Nurhana) :
Jan jane Mas aku wis lali
Gelang alit bebasan kang mungguhing driji
Ora gampang nambani jeroning ati
Ra semoyo mas, aku ra janji

(Manthous) :
Horotoyoh…
Nganggo theklek kecemplung kalen
Timbang golek dik
Sing apik luwung balen

(Nurhana) :
Sabar Mas, mbok sabar ora kesusu
Yen kesusu, tondone wis mesti kleru

(Manthous) :
Estu Dik… wis dadi antebing kalbu
Tak belani jiwo rogo tulusing ati

(Nurhana) :
Sabar… Bola-bali wis tak aturi
Yen kuciwo njur getun tibane mburi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar